Mergo wetenge luwe,Sardot mlaku mlaku ning alun alun ameh tuku mangan Tekan alun alun,sardot weruh dagangan akeh banget,mulai seko bakso,soto,mie ayam,sate,lsp Akhire sardot mutuske melbu ning warung soto sing jarene pancen enak rasane Ning jero warung,jebul wis akeh wong podho tuku Ora sengojo sardot weruh wong wedhok ayu jenenge Juminten lungguh pojokan banjur sardot melu lungguh nyedak ning kono Atine sardot deg deg'an,pingen kenalan tapi isin mergo rupane sardot elek,untune gingsulan 7 lan di beghel nganggo bendrat bangunan 5menit ngenteni pesenan soto,ora nyono ora ngiro ujug ujug(tiba tiba) malah Juminten nyuoro Juminten : "Mas..mas.." Sardot : (grogi) "i..iyo mbak.." Juminten : "mas..mas.." Sardot : (soyo grogi nanging PD) "aduh mbak..awit mau ngundang ngundang..opo ameh kenalan karo aku mbak..?"(karo jungkatan) Juminten : "Mas...maaas...." Sardot : "Aduh mbak,iki PIN BB ku...ora usah grogi ngono umpomo pingen kenalan karo aku" (mbenake krah) Juminten : "Mas...mas..." Sardot : "To the point wae mbak...jenengku Claudio Sardot Van Houten..." (ngibaske poni) . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Juminten : "MAS...MAS...MAS OJO DI PLEROKI...MAS...MAS...MAS OJO DI POYOKI...JALUK KU DI ESEMI..." (Sworene Juminten karo mbenake headshet hp'ne) Sardot: (ngelek mangkok soto) ============================================= edited by: www.zheraf.net / zheraf.wapamp.com from FP= PDWJ =============================================